Pawartos Jemaat
Pawartos Jemaat
30 Juni 2024
Pakempalan KWD lan Adiyuswa badhe kaleksanakaken ing dinten Minggu, 14 Juli 2024 jam 10.00 mapan ing pepanthan Jatisrono.", "Sakramen Bujana Suci badhe kaleksanakaken ing Minggu, 7 Juli 2024 ing sedaya pepanthan. Bujana Suci jempon badhe katata dening Pdt. Wuri Ajeng lan pradataning pasamuwan. Peladosan pendadaran kaleksanakaken ing saben kelompok/kring PA.
23 Juni 2024
Bujana Suci Reguler wulan Juli badhe kaleksanakaken ing Minggu, 7 Juli 2024 ing sedaya pepanthan. Peladosan pendadaran kaleksanakaken ing saben kelompok/kring PA.
16 Juni 2024
Tukar mimbar Klasis Wonogiri lan Klasis Sukoharjo badhe kaleksanakaken ing Minggu, 7 Juli lan 21 Juli 2024. GKJ Slogohimo badhe nampi peladosan Pdt. Mahas Parasdya Agia saking GKJ Bulu tanggal 7 Juli 2024 ing pepanthan Jatisrono lan pepanthan Jatiroto. Dene Pdt. Wuri Ajeng badhe peladosan ing GKJ Baki tanggal 21 Juli 2024.
09 Juni 2024
Proses penjaringan majelis: warganing pasamuwan ingkang sampun sumadya dados pradata nggih punika Bp. Danang Sarwodhi (Slogohimo 1) lan Bp. Harsono (Joho).