Pawartos Jemaat
Pawartos Jemaat
28 Juli 2024
Ing wulan Agustus greja badhe mlebet ing “Wulan Kebangsaan” kanthi tema “Menjadi Agen Pemulihan dan Pembaruan bagi Bangsa”. Ing salaminipun Wulan Kebangsaan punika, pangibadah minggu ngginakaken tata pangibadah khusus lan badhe ngagem saperangan kidung kajawi Kidung Jemaat lan Kidung Pasamuwan Jawi (KPJ).
21 Juli 2024
Ibu Pdt. Wuri Ajeng dinten punika peladosan ing GKJ Baki, Sukoharjo sesambetan kaliyan jadwal tukar mimbar Klasis Wonogiri lan Klasis Sukoharjo.
14 Juli 2024
Ibadah Minggu “Nuansa Muda” kanthi tema “Hidup dalam Kesetiaan” badhe kaleksanakaken ing dinten Minggu, 28 Juli jam 09.00 ing pepanthan Jatiroto. Pangibadah punika sami kadosdene pangibadah Minggu kados padhatan, ananging dipunkemas kanthi patrap kaneman.
07 Juli 2024
Informasi Klasis: Ministerium pendeta GKJ Klasis Wonogiri akan mengadakan acara di Dieng, 8-10 Juli 2024. Oleh karena itu, bagi warga jemaat yang memiliki keperluan terkait pelayanan kependetaan diharap menghubungi majelis setempat atau Ibu Pdt. Wuri Ajeng.