Pawartos GKJ Slogohimo
Pawartos Minggu Keempat Bulan Oktober
Pawartos Minggu Keempat Bulan Oktober: Sidang majelis reguler wulan November badhe kaleksanakaken ing dinten Jemuwah, 7 November jam 2 siang mapan ing pept. Joho.
Sabtu, 25 Oktober 2025
INFORMASI PASAMUWAN
1. Sidang majelis reguler wulan November badhe kaleksanakaken ing dinten Jemuwah, 7 November jam 2 siang mapan ing pept. Joho.
2. Pakempalan KWD badhe kaleksanakaken ing dinten Minggu, 9 November jam 10.00 mapan ing pept. Jatiroto kanthi pelados renungan Pnt. Y. Marjiyo
3. GKJ Slogohimo badhe nampi peladosan praktek khotbah calon pendeta saking GKJ Wuryantoro atas dhiri Sdr. Titus Cahyo Wicaksono ing tanggal 9 November lan calon pendeta saking GKJ Purwantoro atas dhiri Sdr. Yosua Agung Wicaksana Yunanto ing tanggal 23 November.
4. Persekutuan Gabungan Remaja-Pemuda Klasis Wonogiri wilayah Timur badhe kaleksanakaken ing Setu, 1 November jam 4 sonten mapan ing GKJ Purwantoro pept. Bulukerto.
5. Pdt. Wuri Ajeng dados utusan Klasis ing acara Sinode GKJ “Pelatihan Fasilitator Gereja Tangguh Bencana” dinten Selasa-Kemis, 28-30 Oktober ing kantor Sinode GKJ, Salatiga. Pramila kagem warganing pasamuwan ingkang kagungan kabetahan sesambetan kaliyan peladosan pendeta ing tanggal kasebat, kasuwun mranata kaliyan pradataning pasamuwan.