Pawartos GKJ Slogohimo
Pawartos Minggu Ketiga Bulan Oktober
Pawartos Minggu Ketiga Bulan Oktober: Pangibadah Minggu Panutupan Wulan Brayat Sesarengan, badhe kaleksanakaken dinten Minggu, 26 Oktober jam 07.00 ing pepanthan Jatisrono.
Sabtu, 18 Oktober 2025
INFORMASI PASAMUWAN
1. Pangibadah Minggu Panutupan Wulan Brayat Sesarengan, badhe kaleksanakaken dinten Minggu, 26 Oktober jam 07.00 ing pepanthan Jatisrono. Sakbibaripun pangibadah badhe kalajengaken jalan sehat, pemeriksaan kesehatan lan ramah tamah, kanthi katrangan jangkep:
Sedaya pepanthan ngibadah dados setunggal ing pept. Jatisrono.
Pasamuwan prayogi sampun ngagem ageman olahraga kagem jalan sehat (celana training/celanapanjang),
Kupon jalan sehat kacawisaken dinten punika kanthi regi Rp. 3.000/kupon (2 kupon Rp. 5.000).
Door prize utama jalan sehat nggih punika menda (kambing) lan kacawiskaken door prize sanesipun.
Pendataan peserta pemeriksaan kesehatan badhe kaleksanakaken ing saben kelompok/kring PA.
2. Bidston pengetan 100 dinten, tumrap:
Swargi Bp. Suradji-Kring Tengah, badhe kaleksanakaken ing dinten Kemis, 23 Oktober jam 18.00 (6 dalu) mapan ing griya Jatisari, Jatisrono. Kasuwun karawuhanipun warganing pasamuwan pepanthan Jatisrono lan pepanthan Joho.
Swargi Bp. Nyono-Slogohimo 2, badhe kaleksanakaken ing dinten Kemis, 23 Oktober jam 19.30 (7.30 dalu) mapan ing griya Gaton, Waru. Kasuwun karawuhanipun warganing pasamuwan induk Slogohimo.