img-Pawartos Minggu Kedua Bulan Oktober

Pawartos GKJ Slogohimo

Pawartos Minggu Kedua Bulan Oktober

Pawartos minggu kedua bulan oktober: Sakramen Bujana Suci kaleksanakaken dinten punika ing induk Slogohimo lan pepanthan

Sabtu, 11 Oktober 2025

INFORMASI PASAMUWAN

1. Sakramen Bujana Suci kaleksanakaken dinten punika ing induk Slogohimo lan pepanthan Joho. Bujana Suci Jempon katata dening Ibu Pdt. Wuri Ajeng lan pradataning pasamuwan.

2. Pakempalan KWD kaleksanakaken dinten punika jam 10 mapan ing pept. Jatisrono kanthi pelados renungan Dkn. Kristiadi.

3. Pangibadah Minggu Panutupan Wulan Brayat Sesarengan, badhe kaleksanakaken dinten Minggu, 26 Oktober jam 07.00 ing pepanthan Jatisrono. Sakbibaripun pangibadah badhe kalajengaken jalan sehat, pemeriksaan kesehatan lan ramah tamah, kanthi katrangan jangkep:

- Sedaya pepanthan ngibadah dados setunggal ing pept. Jatisrono.

- Kupon jalan sehat kacawisaken ing Minggu, 19 Oktober kanthi regi Rp. 3.000/kupon (2 kupon Rp.5.000).

- Door prize utama jalan sehat nggih punika menda (kambing) lan kacawiskaken door prize sanesipun.

- Pendataan peserta pemeriksaan kesehatan badhe kaleksanakaken ing saben kelompok/kring PA.

4. Pisungsung:

1. Kagem Sekolah Minggu Jatisrono, saking:

  • NN-Jatisrono, arupi 19 kaos kagem lare sekolah minggu Jatisrono.

  • NN-Yogyakarta, arupi arta Rp. 1.000.000

  • NN-Jatisrono, arupi arta Rp. 250.000

  • NN-Jatisrono, arupi arta Rp. 925.000 kaginakaken kagem pengadaan smart tv 43”

2. Kagem kas Komda saking Sahabat Komda, arupi arta Rp. 600.000.

5. Bidston sokur Brayat Bp. Sunarto-Slogohimo 3 badhe kaleksanakaken ing dinten Setu, 18 Oktober jam 5 sonten mapan ing griya Dawung, Karang. Kasuwun karawuhanipun sedaya warganing pasamuwan.

Lihat pawartos lainnya