img-Pawartos Minggu Keempat Bulan September

Pawartos GKJ Slogohimo

Pawartos Minggu Keempat Bulan September

Pawartos Minggu Keempat Bulan September: Pakempalan KWD badhe kaleksanakaken ing Minggu, 12 Oktober jam 10 mapan ing pept. Jatisrono kanthi pelados renungan Dkn. Kristiadi.

Sabtu, 27 September 2025

INFORMASI PASAMUWAN

1. Ing wulan Oktober, greja badhe mlebet ing “Bulan Keluarga” kanthi tema saking Sinode “Formasi Spiritualitas Keluarga” (Lukas 17: 5 – 18: 14).

2. Sidang majelis reguler wulan Oktober badhe kaleksanakaken ing dinten Jemuwah, 3 Oktober jam siang mapan ing induk Slogohimo. Ing sidang punika badhe rawuh Bp. Pdt. Ambar Sulistyono lan Bp. Pdt. Sumardiyono minangka visitator Klasis Wonogiri.

3. Sakramen Bujana Suci Sakdonya badhe kaleksanakaken ing Minggu, 5 Oktober ing pepanthan Jatisrono lan pepanthan Jatiroto, saha Minggu, 12 Oktober ing induk Slogohimo lan pepanthan Joho. Dene peladosan pendadaran kaleksanan ing saben kelompok/kring PA. Bujana Suci Jempon katata dening Ibu Pdt. Wuri Ajeng lan pradataning pasamuwan.

4. Pakempalan KWD badhe kaleksanakaken ing Minggu, 12 Oktober jam 10 mapan ing pept. Jatisrono kanthi pelados renungan Dkn. Kristiadi.

5. Temu Raya Pemuda Sinode GKJ Rayon 6 badhe kaleksanakaken ing Setu-Minggu, 11-12 Oktober mapan ing Wisma El-Bethel, Karangpandan. Utusan saking GKJ Slogohimo nggih punika: Sdr. Lidya Christy Kartika; Sdr. Florence Arline Anastasia; lan Sdr. Amora Karin Latycia.

Lihat pawartos lainnya