img-Pawartos Minggu Ketiga Bulan September

Pawartos GKJ Slogohimo

Pawartos Minggu Ketiga Bulan September

Pawartos Minggu Ketiga Bulan September: Ing wulan Oktober, greja badhe mlebet ing “Bulan Keluarga” kanthi tema saking Sinode “Formasi Spiritualitas Keluarga” (Lukas 17: 5 – 18: 14).

Sabtu, 20 September 2025

1. Sidang majelis reguler wulan Oktober badhe kaleksanakaken ing dinten Jemuwah, 3 Oktober jam siang mapan ing induk Slogohimo. Ing sidang punika badhe rawuh Bp. Pdt. Ambar Sulistyono lan Bp. Pdt. Sumardiyono minangka visitator Klasis Wonogiri.

2. Sakramen Bujana Suci Sakdonya badhe kaleksanakaken ing Minggu, 5 Oktober ing pepanthan Jatisrono lan pepanthan Jatiroto, saha Minggu, 12 Oktober ing induk Slogohimo lan pepanthan Joho. Dene peladosan pendadaran kaleksanan ing saben kelompok/kring PA. Bujana Suci Jempon katata dening Ibu Pdt. Wuri Ajeng lan pradataning pasamuwan.

3. Ing wulan Oktober, greja badhe mlebet ing “Bulan Keluarga” kanthi tema saking Sinode “Formasi Spiritualitas Keluarga” (Lukas 17: 5 – 18: 14).

4. Persekutuan Gabungan Remaja Pemuda GKJ Klasis Wonogiri wilayah Timur (GKJ Purwantoro, GKJ Slogohimo lan GKJ Giri Kinasih) kanthi tema “Bersatu dalam Kristus” badhe kaleksanakaken ing Setu, 27 September jam 4.30 sonten mapan ing GKJ Giri Kinasih induk. Kasuwun panyengkuyungipun remaja pemuda GKJ Slogohimo.

Lihat pawartos lainnya